Geguritan Djawi: "Balimu"

Tumetesing weluh kasireping mata
Tur lumaku njlajahing aluse pipi
Sanadyan ora dak usap marang limaning driji
Nanging angete bisa nyamber saking mriki

Sulak ulaping srengenge
Banjur mandhap saking singgahsana sore
Lumampahing dina kang ngitungi awake dhewe
Tansah ngopeni sepine mbale

Duh Gusti
Lambeyan janur kupat sampun kangawe-awe
Dhateng pundi malih kula kedah nggoleki
Jarene mung 8 sasi, nanging saniki wonten pundi?

Kang mas, lemah telese saniki wus nelo
Memayu tetesing udan ngrantos panjenengan teka
Delengen kang mas, sasi pasa saniki ameh bada


Lan rasa kapang niki kanthi tumrape ilanging nyawa

Bojonegoro, 6 Oktober 2016
Panggurit: Mona Widya Anggraini

Komentar